Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawula hormati Bapak Ketua RT 2
Ingkang ugi kawula hormati, bapak/ibu warga RT 2
Sepindah, sumangga sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah, kanthi rahmat hidayatipung kito saget makempal wonten acara pertemuan rutin lapanan menika.
Salajengipun, salawat ugi salam dumateng nabi Muhammad SAW ingkang dados uswatun hasanah, mugi-mugi, kito pikantuk syafaatipun benjang wonten ing Yaumul Qiyamah.
Kawula badhe maosaken urutan acara lapanan ing ndalu menika.
Monggo, kito bukak acara lapanan punika kanthi waosan alfatihah..,(liridho illah wali syafa'ati rosulillah) alfatihah
Salajengipun, inggih punika waosan tahlil, dumateng Bapak ...., wekdal kasumanggaaken.
Salajengipun, sambutan ugi informasi saking Bapak ketua RT, dumateng Bapak ..., wekdal kasumanggaaken.
Acara saklajengipun inggih punika laporan keuangan, dumateng poro punggawa ingkang kagungan jejibahan,antawissipun Sekertaris,Bendahara Sanksi Ronda lan Dansos .
wekdal kasumanggaaken.
Salajengipun, sambutan saking sesepuh lingkungan rt,dumateng Bapak ...., wekdal kasumanggaaken.
Mangga, kito lanjut acara ingkang nomer gangsal inggih punika acara lain-lain ingkang bade dipun pimpin deneng Bapak....
Dumateng wargo ingkang gadah usul lan saran kangge lingkungan RT, kasumanggaaken.
Acara saran, usul, ugi tanggapan sampun kalampahan, mbok bilih wonten usulan ingkang dereng saget kaputusaken, kito sambung ing pertemuan wulan ngajeng.
Inggih mekaten acara lapanan wonten ing dalu puiko, mugi-mugi saget ndadosaken lingkungan kito sansoyo sae.
Acara pingkasan puniko inggih penutup.
Mbok bilih anggen kulo matur lan mandu wonten ingkang kurang pas, mboten mrarani penggalih kulo nyuwun angunging pangarsami.
Sumangga, bareng-bareng kito tutup acara pertemuan RT ing dalu puniko kanthi waosan hamdalah.